Sejarah Desa Giring

Desa Giring 30 April 2014 17:20:39 WIB

Desa Giring diambil dari seorang Tokoh yang bernama Ki Ageng Giring

TUMURUNE WAHYU DEGAN GAGAK EMPRIT

“Teng Manteng Aja Malang Tumoleh”

Foto: Ki Ageng Giring

 

Purwa dhuk sina, miturut carios lisan turun-tumurun ingkang kaprah sinebat “cebolek” saking para sesepuh dumadining Desa Giring. Benten-benten cariosipun, ugi gadah landesan piyambak-piyambak. Ewa semanten sedaya carios saget ditampi boten cengkah kalian kedadosan dumadining Desa Girng. Sasampunipun Kraton Pajang runtuh, wahyu minangka pikukuhe Kraton murca, oncat saking Kraton Pajang. Satemah Kraton sampun boten gadhahi daya kekiyatan panguwaos punapa-punapa malih. Sampun boten kagungan Raja. Para kawula boten onten ingkang mranata. Nalika semanten tedak turune Sinuwun Prabu Brawijaya IV, nggih punika; Ki Ageng Wana Kusuma ugi sinebat Ki Ageng Giring, Ki Ageng Wana Baya ugi peparap Ki Ageng Pemanahan, saha Bondan Surati. Priyagung tetiga kala wau minangka kadang welat[1] rumaos nggadahi tanggel jawab ngudi madosi onten pundi papan dununge Wahyu Tanah Jawi ingkang murca? Kanthi kebak kapitadosan ugi pengajeng-ajeng menawi Kraton ingkang sampun ambruk bade jumeneng malih lamun wahyu Tanah Jawi saget pinanggih. “Theng mantheng tanpa malang tumoleh” tetiganipun madhep mantep manunggil ing cipta, rasa miwah karya lampah prihatos tapa brata, mati raga sumarah sumeleh onten ing Ngarsanipun Sang Yang Widhi.

Salebeting lampah onten sisike samudra kidul manggihaken papan ingkang wingit, nggih punika Gua Parang Racuk. Lajeng papan punika diagem semedi, nyuwun dhawuhing Sang Yang Widi, onten pundi papan dununge Wahyu Tanah Jawi. Amargi awit pitados anggenipun, nyenyuwun dateng Gusti ingkang Maha Suci, Gusti rena, paring dawuh; “yen pancen arep marsudi Wahyu kang murca, sira kabeh kudu mlaku arah mangalor!” Mundhi dhawuhipun Gusti, sami jengkar saking anggenipun samadi. Nglajengaken lampah tindak mangaler.

Dumadhining Padukuhan bulu

Iring Ler saking Gua Parang Racuk onten sawijining papan ingkang angker ugi wingit, papan punika dipun wastani Alas Gegiri. Saperangan papan wau onten sawenehe gua, nggih punika Gua Tritis. Sinebat Gua Tritis amargi nginggil langit-langit gua katingal wujud pating gumandul kang sinebut “stalaktit” saha “stalakmit”[2]. Kanyata niku dumadi saking toya jawah ingkang nretes saking sanginggile gua. Kedadosan punika betahkan wedal atusan kepara ewun tahun. Pramila diwastani tritis saking tembung nretes, toya ingkang nretes dados wujud Stalaktit. Papan punika dipun pilih kalian Ki Ageng Wana Kusuma, Ki Ageng Wana Baya, saha Bondan Surati, kagem semadi tapa brata amargi ngenut osiking batos. Wanci dalu Ki ageng Wana Kusuma kalian kalih sederekipun wau mirsani kawontenan lebet gua, ugi sak kiwa tengenipun. Onten sawenehe wit-witan ingkang dirubung sato kewan iber-iber nggih punika, kalong lawa, saha codot. Priyagung tetiga kala wau sami reraosan: “Apa sing dirubung kewan iber-iber kuwi?” Wanci injing amargi kasunaran srengenge ketawis cetha, kanyata kewan iber-iber wau dalu sami rebatan woh-wohan ingkang sampun mateng. Wit kala wau sami digatosaken kanthi teliti, lajeng wit kala wau diparingi jeneng wit Bulu. Amargi menawi dipirsni sewalike ron onten wulune. Kedadosan punika, dipun limbang-limbang kalian Ki Ageng Wana Kusuma saha sedherek kekalipun lajeng paring pangandikan: “Besok lamun ana rejaning zaman papan iki ndak wenehi tenger Bulu.” Spunika papan punika dados Padukuhan Bulu. Gua Tritis minangka petilasan kanyata dados berkah kagem putra wayah warga masyarakat Desa Giring ugi sakiwa tengenipun. Liripun Gua Tritis sapunika diagem papan peziarahan umat Katolik Paroki Santo Pertus Kanisius Wonosari, Gunungkidul, DI. Yogyakarta. Pramila Gua Tritis diparingi Asma “Gua Maria Tritis, Maria Perantara Wahyu.”Ingkang sami ziarah boten namung mligi umat Katolik ananging umat agami punapa kemawon langkung-langkung para penghayat kebatinan. Pasamuan Suci/Gereja anggenipun ngginakaken, nggulawentah saha mranata kanthi tinarbuka (inklusif) awit papan punika nggadhahi sejarah ingkang wigati antawis runtuhipan Kraton Pajang, jumenengipun Mataram. Mugiya dados papan ingkang damel guyub rukun sedaya titah. Gua Maria Tritis minangka salah setunggale tujuan wisata (destinasi) setunggal arah kalian pesisir samudra, pantai ing tlatah Gunungkidul. Saben dinten linangkung ing wulan Mei saha Oktober dipun rawuhi lelungan (wisatawan) saking lebet (domentik) ugi saking tiyang manca negari (asing). Yektos dados rejo saha regeng tundhanipun warga masyarakat mindak ngrembaka ekonomonipun.  

 

 

Padukuhan Singkil

     Gusti ingkang Maha Agung mirsani ageng tekat ugi kapitayan tetiga priyagung wau, pramila Gusti paring dawuh: “Supaya isa nemokne Wahyu kang den udi, kudu mlaku mangalor maneh.” Sanadyan dereng kasembadan gegayuhanipun, ananging sampun onten dhawuh saking Sampeyan Dalem Gusti. Jengkar saking anggenipun samadi tansah siaga ing gati, nglajengaken tindaki arah mangaler malih salaras kalian dhawuh kersanipun Sang Yang Widhi.

Minangka jejere manungsa, limrah rasa pangrasa kamanungsane gela utawi sengkel penggalihe, awit sampun sawetawis dangu anggenipun ngudi Wahyu dereng kepanggih. Dipun limbang-limbang kanyata boten gampil manggihaken Wahyu ingkang sampun oncat. Ing salebete panglimbang papan ingkang damel sengkel penggalihe wau Ki Ageng Wana Kusuma saha sederek kadang welat paring Pangandikan mangkene: “Besok lamun ana rejaning zaman, papan iki ndak paringi tenger Singkil.” Saking tembung sengkel. Sapuka papan niki dados Paduhan Singkil.

Dhumadine Padukuhan Gunung Dawa

Dhasar trahing kusuma rembese madhu, boten mokal anggenipun lampah prihatos tansah jinangkung dening Gusti ingkang Maha welas asih. Dhumadhakan onten sawijining panggenan Ki Ageng Wana Kusuma ugi sedhereke mengos mangetan. Wonten iring wetan kewistara gunung ingkang dawa. Ngeningakan cipta mendel sekedap, lajeng paring pangandikan mangken: “Besok lamun papan iki dadi rejo, ndak paringi tenger Gunung Dawa.” Saking kadadosan Gunung kang dawa, sapunika panggenan puniki dados Padukuhan Gunung Dawa. Manggen wonten ing iring wetan Desa Giring.

Dhunadine Padukuhan Pengos

Tansah midhanget osiking batos, wondene papan panggenan ingkang kangge mengos mangetan kala wau, tetiganipun sarujuk bilih papan punika ing benjangipun manawi sampun rejo diparingi tenger “Pengos.” Kangge mengeti kedadosan mengos mangetan kala wau. Sapunika papan punika dados Padukuhan Pengos.

Dhumadine Padukuhan Pule Bener

Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan. Jejek anggenipun jumangkah, Ki Ageng Wana Kusuma, Ki Ageng Wana Baya saha Bondan Surati. Sanadyan dereng kasembadan panjangkanipun

Babar pisan boten ngresula ugi owah kapitadosanipun. Nglajengaken tindak mangaler, sinambi reraosan kados pundhi murih wahyu enggal kecepeng. Dhumadakan ing satengah-tengahe wana onten wit pule, lajeng sami kendel wonten ing sangandape wit pule kala wau. Wonten ing papan mriku onten pawongan kalih jaler istri ingkang sampun dungkap sepuh yuswane. Ki Ageng Wana Kusuma nyuwun pirsa mangkene: “Panjenengan punika sinten?” Atur wangsulane: “Nami kula Eyang Pule, lajeng punika semah kula Nyai Pule, dene papan dunung kula saking Panggang, sapunika kula cumondok ing ngriki.” Gantos Eyang pule ingkang nyuwun pirsa, mangkene: “Panjenengan tetiga punika sinten, saha badhe tindak pundi?” Atur wangsulane: “Nami kula Ki Ageng Wana Kusuma, lejeng ingkang kalih rayi kula pinaringan asma Ki Ageng Wana Baya, saha Bondan Surati. Papan dunung kula tebih saking ngriki, menggah angkah tujuan kula tetiga bade ngupadi wahyu Tanah Jawi ingkang murca saking Kraton Pajang.” Atur wangsulane Eyang Pule, mangkene: “Menawi kepareng caos pemanggih, sengoro kasembadan manggihaken wahyu menawi anggenipun panjenengan tindak tansah sesarengan. Liripun penjenengan tetiga kedah pisah, tindak piyambak-piyambak.” Dasar lantif ing budi, pangandikan saking Eyang Pula kapitados minangka pitedah saking ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Ki Ageng Wana Kusuma sinengkuyung kekalih rayinipun paring pangandikan, mangkene: “Besok lamun ana rejane zaman papan iki ndak wenehi tenger Pule Bener.” Papan panggenan niki sapunika dados Padukuhan Pule bener. Saling kedadosan ing sangandape wit pule pikantuk pituduh ingkang bener.

Dhumandine Padukuhan Nasri

Jengkar saking ngandap wit pule tindak mangaler. Sinanmbi mirsani sawenehe sato kewan kang sinebat “payau” amargi papan punika ledhok kangge gegojekan kewan-kewan kasebat. Satemah saget kangge panglipur, rena ing panggalihipun. Sang Bagaskara ngetingal nyunari papan panggenan ing sakiwa tengene, sedaya katon endah, pratanda sampun wanci enjing. Mirsani mangetan ketingal wana ingkang asri. Kanyata onten papan ngriku wonten sawijine pawongan ingkang teteki, ingkang jejuluk Eyang kendil Wesi. Ki Ageng Wana Kusuma ugi ingkang rayinipun sami nglelimbang kawontenan ing ngriku, lajeng paring pangandikan, mangkene: “Prayoga manawa besok papan iki diparingi tenger Nasri.” Saking kedadosan tembung wana ingkang asri. Sapunika papan niki dados padukuhan Nasri. Padukuhan Nasri punika minangka cengkaran saking Padukuhan Pule Bener. Pramila menawi ngawontenaken upacara tradisi adat merti Dusun kedah sasampunipun Padukuhan Pule Bener, boten kenging ngrumiyini, utawi malah saget sesarengan.     Priyagung kadang welat wau sarujuk manawi anggenipun nglajengaken lampah prihatos kedah sami pepisahan. Ki Ageng Wana Baya arah Ngidul Ngilen, Bondan Surati arah Ngilen tumuju wana Ngasem, dene Ki Ageng Wana Kusuma ngaler dateng Alas Gegiri ugi sinabat Tegal Kutu.

Carios Lampahipun Ki Ageng Wana Baya.

Anggenipun tindak Ngidul Ngilen tumuju dateng Kembang Lampir, Ki Ageng Wana Baya onten salebate wana tetileman setemah turu saestu. Papan wana ingkang diagem turu diparingi tenger truwana. Saking tembung turu wana. Sapunika dados padukuhan Truwana, Saptosari. Lajeng dateng Kembang Lampir. Anggenipun ngudi wahyu nindakaken tapa onten sanginggile umpluk toya seganten wonten Pandan Segegek.

Carios Bondan surati

Anggenipun ngudi wahyu tindak mangilen. Nindakekan tapa brata mati raga, mapan onten ing salebete wana Ngasem. Papan tilaran petilasanipun Bondan Surati dipun paring tenger “Karangasem.” Sapunika papan kasebat dados Padukuhan Karangasem.

Dhumadhine Padukuhan Giring

Carios Ki Ageng Wana Kusuma Alas Gegiri Tegal Kutu

Ki Ageng Wana Kusuma tindak mangaler mapan onten Alas Gegiri. Gegiri saking tembung nggegirisi. Kawonten alas Gegiri pancen nggegirisi, angker tur wingit, paripaos satu moro satu mati, jalma moro keplayu. Tiwas keleresan amargi papan ingkang wingit prayogi pinilih kangge ngudi wahyu. Lajeng yasa griya wangun padepokan, kangge kabetahan toya seban dinten ugi yasa kolah, sapunika dados petilansan ingkang sinebat sendang pitutur. Ki Ageng Wana Kusuma gesang limrah sesarengan kalian warga masyarakat sanesipun. Tansah nggatosaken sesami langkung-langkung ingkang sangsara, katriwal, cacat, sekeng, kesrakat, saha katindes. Pramila boten mokal menawi Ki Ageng Wana Kusuma dipon suyuti sesaminipun. Anggenipun nyekapi kebetahan gesang saben dinten sarana tetanen, ngingah lembu minangka raja kaya ugi kangge ngluku, nderes kambil kadamel gendis abrit, saha njala ulam onten lepen. Sejatosipun onten ing papan punika Ki Ageng Wana Kusuma giring wahyu. Saking tembung giring lajeng panjenenganipun ngagem asma Ki Ageng Giring werdinipun giring wahyu. Sapunika papan kasebat dados Padukuhan Giring. Nggih awit daya agenging prihatos ngantos sapriki cacah jiwa onten ing Padukuhan Giring namung udakawis 40 somah, boten mindak boten kirang.  Ing ngriku ugi yasa Sanggar Pamujan kagem memuja Sang Yang Widi. Wonten ing Tegal Kutu tansah nindakaken tapa brata. Gusti ngangklang jagat, satemah paring dawuh dumateng Ki Ageng Giring, supados nanem “sepet aking.” Dawuh enggal ditindakaken, nanem sepet aking onten papan ingkang sinebat Jombaran, antawis wates Sodo kalian Soka. Paripurna anggen nanem, salah satunggale abdi ingkang nami Bintulu Aji ugi jejuluk Tunggul Wulung pinitados supados njagi sepet aking ingkang sampun ditanem, pengangkah saget tuwuh kanhti wilujeng

Dhumadhine Padukuhan Candi

Nggih awit saking daya pangaribawanipun Ki Ageng Giring anggenipun ngembani para kadang tani pramila boten mokal menawi para among tani anggene olah tetanen sami greget suka gambira, saiyeg saeka praya nyambut damel, pramila sedaya taneman saget tuwuh ngrembaka ijo royo-royo ngangsilaken uwoh kang nyengsemaken. Salah setunggale taneman nggih punika kacang-kacangan. Menawi dipun gatosaken kanthi permana, sekar kacang-kacangan kala wau ngemperi wewujudan candi, kawontenan punika dipun limbang-limbang, lajeng papan punika diparingi tenger Candi. Sapunika dados Padukuhan Candi. Kala semanten onten sawijining pawongan ingkang asma Demang Nata Praja cumandok onten Candi. Sesarengan kalian Ki Ageng Giring, Demang Nata Praja kedawuhan supados nata kaprajan. Wonten punika Ki Ageng Giring bade yasa Kraton. Ananging sasampunipun dipun gatosaken kanthi permati, ugi dipun sawang saking nawangan (petilasan nawanagan saking tembung nyawang) kanyata boten prayogi dados papan Kraton amargi cerak sanget kalian seganten kidul. Wonten papan punika katah tilaran umpak saking sela ingkang bade diagem kraton. Kangge ngleluri papan panggenan punika saben dinten jumat legi bakda panen jagung setahun sepisan diwonteni upacara tradisi adat sedekah Candi. Ing pangajab supados anggenipun nggayuh kanugrahanipun Gusti diparingi gangsar wilujeng. Dene syarat sarana wilujengan arupi: 1) sekul jagung lawuhipun pelas jagung, 2) pelas pare ugi kepiting, 3) among-among, 4) sekul wuduk kalian ingkung ayam.

Dhumadhine Padukuhan Kendal

Papan dununge Padukuhan Kendal wonten iring Ler Piyambak. Minangka papan pusat peprintahan Desa Giring. Pramila Balai Desa mapan onten Kendal. Ugi katah petilasan, situs kados ta: lesung Joko Tarub, Kali Gowang, Watu Jagong, Alang-Alang kumitir, saha Jati Bengok. Ki Ageng Giring anggenipun jagi taneman onten tegil pasabinan saking pangrisake sato kewan mawi senjata bandil. Bandil kedadosan saking tampar lulup rami, diparingi selo kangge balang sato kewan ingkang ngrisak taneman. Kala semanten saking wana Candi, ngelapasaken senjata bandil kangge nggusah sato kewan ingkang wonten iring Ler. Dumadhakan senjata bandil tumangsan onten sawijiting wit kang ageng sangat. Dipun wasdakaken kanthi permati, wit wau namine wit kendal. Onten salebete panglimbang Ki Ageng Giring paring pangandikan mangkene: “Papan iki ndak paring tenger Kendal” saking kedadosan senjata bandil ingkang tumangsang wonten wit kendal. Sapunika papan punika dados Padukuhan Kendal.

Sepet aking ingkang dipun tenem ing Jombaran kala semanten, tuwuh ngrembaka ngantos inggil sanget. Ngedalaken woh, anehipun who namung setunggal. Onten satunggale dinten saking degan kambil ingkang namung setunggal kala wau ngedhalaken suwanten mangkene: “Sapa wae sing ngombe degan iki sanalika entek, bakal dadi Raja Tanah Jawa turun tumurun.” Nggih awit ageng anggenipun prihatos, pramila boten mokal menawi Ki Ageng Giring sedik tengen ing pangrungu,[3] pramila saget midhanget suwanten saking degan wau. Buhdi daya kados pundi anggenenipun saget metik degan. Kambil punika inggil sangat, pramila woh degan ingkang namung setunggal ketingal alit sanget. Pramila dipun namekaken degan gagak emprit. Tegesipun degan ingkang ageng dipun umpamekaken peksi gagak, amargi ketingal alit dipun umpamekaken peksi emprit. Anggenipun methik Degan Gagak Emprit namung sarana dipeteti saking griya, kambil ingkang inggil sangat kala wau manglung dateng dalemipun Ki Ageng Giring. Kanthi ngatos-atos degan lajejng dipun pethil. Mangertos bilih degan punika isinipun Wahyu Tatah Jawi, pramila boten lajeng dipun unjuk. Degan lajeng dipun deleh onten paga. Saderenge ngunjuk toya Degan Gagak Emprit, langkung rumiyim ngawontenaken ritual/upacara suci, siram jamas minangka sesuci diri onten kali Nyamat.     

Bintulu Aji kuciwa panggalihipun, awit rumaos dipun tilar utawi disepelekne kalian Ki Ageng Giring. Tindak dateng dalemipun Ki Ageng Giring, caos atur: “Ki Ageng Giring kala semanten kula kadawuhan jagi sepet aking ingkang katenem nagtos tuwah ugi ngedalaken woh, nanging kenging punapa anggenipun methik Degan kala wau boten paring ngertos dateng kula?” Atur wangsulane: “Bintulu Aji wis kebacut, mula aja dadi atimu, sing gedhe pangapuramu.” Boten trimah, Bintulu Aji nyuwun pamit kundur, lajeng mlajar tumuju Kembang Lampir Pandan Segegek papan tapanipun Ki Ageng Pemanahan. Bintulu Aji nggigah Ki Ageng Pemanahan anggenipun nedeng-nedengipun tapa. Badar saking anggenipun tapa, nyuwun pirsa dateng Bintulu Aji, pangandikane: “Ana wigati apa, kowe kumawani nggugah anggonku tapa?” atur wangsulane: “Nyuwun pangapunten, kula sampun kladhuk kumawantun nggigah Ki Ageng Pemanahan saking anggenpun tapa, awit onten wigates ingkang kedah kula aturaken dateng Panjenengan.” Ki Ageng Pemenahan mundhut pirsa, pangandhikane mangkene: “Apa wigathi sing kudu kok aturake.” Bintulu Aji caos wangsulan mengkene: “Nyuwun pangapunten Ki Ageng, Wahyu Tanah Jawi sampun kepanggih wujud Degan Gagak Emprit, sapunika onten Dalemipun Ki Ageng Giring.” Prasasat asu rindik digitik, tanpa kocap Ki Ageng Pemanahan mlajar dateng daleme Ki Ageng Giring. Boten kepanggih kalian Ki Ageng Giring, namung kepanggih Nyai Giring, pangandhikane: “Mbak Ayu Nyai Giring Kakang onten pundhi?” Atur wangsulan Nyai Giring, mangkene: “Kakang Mas Ki Ageng Giring nembe siran onten lepen, onten wigatos punapa?” Atur wangsulanipun: “sampun dangu boten kepanggih, namung bade pinanggih caos sungkem.” Tumuju dateng dapur kaderekaken Nyai Roro Lembayung: pangandikane: “Mbak Ayu kula rumaos ngelak saestu, menawi kepareng nyuwun toyanipun. Kasinggihan punika onten toya degan kula unjukipun.” Atur wangsulane: “Adhi Pemanahan sampun ngantos ngunjuk toya Degan punika, awit gadhanipun Kang mas Ki Ageng Giring, bade dipun unjuk manawi rampung siram, kula caosi toya sanesipun.” Pangandikane Pemanahan, mangkene: “Boten Mbak Ayu kula ngunjuk toya Degan punika mawon.” Toya Degan dipun ruda peksa dipun unjuk kalian Pemanahan. Nyai Roro Lembayung muwun, kalian ngandika mangkene: “Adhi Pemanahan sliramu tega, tegel kanthi ngruda peksa ngunjuk degan sing dudu darbekmu, paukuman apa sing bakal tak tampa.” Atur wangsulane: “Sampun Mbak Ayu kula kepareng nyuwun pamit.” Dhasar priyagung ingkang sampun waskitha ing panggrahita, papan ingkang dipun damel siram, nalika toya degan dipun unjuk pemanahan, amblong/gowang sanalika, minangka pratanda gowang panggalihe Ki Ageng Giring. Mlajar kundur dumugi griya nyumurupi, Nyai lembayung muwun ingkang boten samestinipun, rumaos dosa awit boten saget jagi degan kagungan Garwanipun. Kalian muwun matur mangkene: “Ketiwasan kang Mas kepareng nyadong duka, kula trimah nampi paukuman dipun perjaya, kula boten saget jagi Degan kagunganipun, degan kelajeng dipun unjuk kalian Ingkang Rayi Pemanahan.” Kaget sanalika, begegek pinda tugu sunukarta, yayah njugrukaken wukir sari. Duka jaja bang mawinga-winga, mlajar medal saking griya ngoyak Ki Ageng pemanahan. Salebete mlajar ing batos rumaos kuwatir menawi boten saget nyepeng Pemanahan. Papan punika diparingi tenger Alang-Alang kumitir. Saking kedadosan raos kuwatir. Sapunika dados petilasan “Alang-Alang Kumitir“ mapan onten Padukuhan Kendal. Nglajengaken ngoya Pemanahan, onten sawijining papan Ki Ageng Giring bengok, dasar kepara nyata priyagung sekti onten sangejenge anggipun bengok onten wit jati ingkang ageng sanget kobong sanalika. Papan pinika diparingi tenger Jati Bengok. Tegesipun saking kedadosan bengok saking daya kekiyatan Ki Ageng Giring anggenipun bengok ngantsos wit jati sangajengipun kobong. Sapunika dados petilasan Jati Bengok.

Saya kenceng anggenipun mlajar ngoyak Pemanahan, satemah kasembadan saget nyepeng pemanahan. Ing papan ngriku onten selo jejer kalih, lajeng diagem lenggah kalian Ki Ageng Giring ugi Ki Ageng Pemanahan. Kekalih priyagung sekti sami lenggah sabejagong, imbal wacana wawan pangandikan, wosing pirembakan amargi toya Degan Gagak Emprit sejatose Wahyu Tanah Jawa, sampun kalajeng dipun unjuk Ki Ageng Pemanahan pramila sampun boten saget diunjuk Ki Ageng Giring malih sanajan ta ingkang manggihaken. Salebete pirembakan ngawontenaken prajanjen, sami sarujuk bilih ingkang dados Raja Ki Ageng Pemanahan. Ananging namung kaping IX (sanga). Sasampunipun kaping IX, dipun kunduraken dateng Ki Ageng Giring. Anggenipun Pemanahan bade yasa Kraton, Ki Ageng Giring maringi pusaka cacah tiga mingka piandel ugi kawastanan tindih Kraton. Pusaka tiga kala wau, 1) Tombak Udan Arum, 2) Songsong Agung Tunggul Naga, saha 3) Songsong Agung Sangga Buwana. Dene papan selo jejer kalih kangge pirembagan sapejagong dados petilasan “Watu Jagong” mapan wonten Padukuhan Kendal.

 

 

 

 

 

 

 

TRADISI ADAT BABAD DALAN

DESA BUDAYA GIRING

Wahyu Tanah Jawi tumurun awujud “Degan Gagak Emprit.” Jangkaning kodrat dadia kunci adeging Mataram. Sasampunipun Kraton Maataram jumeneng, putra wayah, warga kawula ing Giring, kala semanten madosi wonten pundi papan dunungipun Ki Ageng Giring. Menawi tasih sugeng wonten pundi anggenipun cumondok, manawi sampun kundur marak sowan Ngarsa Dalem Gusti wonten pundi pesarehanipun? Anggenipun ngupadi ing salebeting wana, pados mergi babat-babat grumbrul, wit-witan, pedes pereng, lebak ukir. Wusana kasembadan manggihaken tumpukan sakeh balung sato kewan. Kanyata saben sato kewan ingkang medal ugi ngungkuli papan punika dawah lajeng pejah. Ugi dipun panggihaken jubah tuwin teken. Den prayitnakaken saking wisiking Gusti bilih papan punika minangka papan dunungipun Ki Ageng Giring anggenipun muksa, kundur mula-mulanira. Lajeng papan panggenan punika dipun bangun sarehan, ananging saben-saben dibangun dereng ngantos rampung anggenipun bangun kedadosan rebah, ngantos wongsal-wangsul. Kadadosan nyala wedi punika dipun teges, pikantuk pituduh bilih papan muksanipun boten kersa dipun bangun. Lajeng minangka tanda pasarehan dipun bangun onten sisih kidulipun. Pasarehan Ki Ageng Giring punika dumunung wonten ing Dsa Sodo. Kedadosan punika kalian kawula warga putra wayah Giring dipun prengeti minangka tradisi adat “Babad Dalan” ing saben dinten Jumat kliwon bakdo pantun jawi rebah.

Kunduripun Pusaka Ki Ageng Giring.

Ki Ageng Giring saha putra wayah tuwin sedaya warga kawula Girng tansah prihatos, saking wahyu Degan Gagak Emprit uwal dumugi sapriki. Ananging Gesang bebasan cakra manggilingan, sedaya onten titi wancinipun. Salaras prajanjen antawisipun Ki Ageng Giring kalian Ki Ageng Pemanahan, bilih sampun keleksanan Ki Ageng Pemanahan jumeneng Raja Mataram, Ngarsa Dalem HB I ngantos IX. Pramila sasampunipun HB IX seda, kundur marak sowan dateng Gustinipun. Nalika semanten GPH Mangku Bumi ingkang sapunika jumeneng HB X, ngunduraken Pusaka Ki Ageng Giring cacah tiga nggih punika 1) Tombak Udan Arum, 2) Songsong Agung Tunggul Naga, saha 3) Songsong Agung Sangga Buwana dateng Giring. Pramila sasampunipun wahyu kundur dateng Giring sedaya warga kawula Giring “Gumregah” saking prihatos. Sami greget sayek saeka praya mangun Desa Girng supados dados rejo, rahayu, slamet saha kerta raharja.

 

 

 

 

 

[1] Kadang welat tegese tasih sederek sabrayat, setunggal trah

[2] Stalaktit sawijining mineral sekunder ingkang nggantung onten langit-langit gua kapur. Stalakmit tegese wujud sela ingkang wonten ngandap gua dumadi saking tetesan toya saking langit-langit gua. (https://www.gadis.co.id)

[3] Sedik tengen ing pangrungu, awit saking agengipun olah rohani pramila panca ndria saget sekti liripun manungsa saget sangsaya sampurna, salah setunggale panca ndria nggih punika talingan. Talingan saget midanget suwanten ingkang alus sanget, suwanten wau boten saget kepireng tiang limrah.

Pencarian

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Lokasi Giring

tampilkan dalam peta lebih besar